13 October 2009

Jenenge Wae Wayang....

Nembe wae maca status fesbuke kanca-kanca, aneh-aneh tulisane. Ana sing mung njejer titik-titik, mbuh apa maksude, ana maneh sing lagi nglaras rasa, ngudang anake, lsp. Sing dadi kawigatenku ya salah siji kanca sing nulis jenenge anake mau. Racake, jeneng iku minangka donga, mula kudu ngati-ati tenan anggone milih jeneng kanggo anak.

Akeh sing njenengi nganggo tokoh pahlawan, ya lokal utawa interlokal, malah internasional. Ora masalah, sauger ngerti teges lan maksude. Ana maneh sing nganggo tokoh wayang. Lha iki sing kadhang kurang mapan. Contone, akeh sing menehi jeneng marang anake kanthi tembung Rama, utawa yen wadon ya Sinta. Karepe mono ben kaya lakone rama-sinta kae, awit enom tumeka tuwa tetep rukun, senajan kena pacoban maneka rupa. Iki mesthi wae bener, ning miturutku lagi separo bener, lha kepriye? Ing nalika semana sawise uwal saka Rahwana, Sinta banjur diobong, minangka bukti menawa Sinta iku tetep suci resik, kaya wingi uni sadurunge digondhol dening Rahwana, mangkonoa Rama anggone kumpul karo Sinta ya merga netepi wajib wae tanpa rasa,  ora kaya ing wektu-wektu sadurunge (crita wayang ing Kalawarti PS, mbuh edhisi pira wis lali). Mula banjur ana lakon Sinta Obong. Lha gelem po, anake wadon besuk nasibe kaya Sinta? Wis digondhol maling, bareng mulih ditampik karo bojone, senajan amung ing batin. Akhir-akhire crita Rama-Sinta, sawise Dewa Wisnu oncat saka wadhage, Rama sing wis tuwa lan ora permana maneh, banjur perang karo anake dhewe. Perkarane apa aku wis ora kelingan. Ya mungkin wae crita ing dhuwur mau mung crita carangan sing ora manut pakem pedhalangan. Mungkin wae crita asline malah happy ending?

Sing saka lakon Mahabharata, akeh satriya-satriya bagus pawakane lan apik jenenge, mula ya banjur dadi rujukan anggone menehi jeneng marang anak. Contone, Pandhu, pancen gagah tur nggantheng, naning praupane sajak pucet tur nasibe ora kepenak. Critane, biyen bapake Pandhu, yaiku Abiyasa, wujude mono kapetung ala rupane uga ala wernane, sing saking alane, kabeh garwane nalika dikumpuli mesthi polahe aneh-aneh, sing kamengko tumurun marang anake. Lha kepriye, ala-ala ning pandhita lan begawan sing ampuhe kagila-gila. Ana sing nalika kumpul kroncalan sikile, banjur anake dadi pincang, yaiku Widura. Ana sing nalika kumpul merem mripate, saengga anake wuta, yaiku Drestarasta, lan ana sing nalika kumpul malah pucet, ya merga iku praupane Pandhu Dewanata dadi pucet kaya mayit.

Abiyasa lengser, Pandhu winisudha, amarga dianggep sing paling pantes tinimbang sedulur-sedulure. Ana sayembara kanthi bebana prawan Kunthi minangka garwa. Lhadalah, mulih sayembara malah entuk tambahan kenya saka Salya (nembe bubar merjaya maratuwane sing uga gurune, sajake Salya isin menawa duwe maratuwa ala, lha mengko kebales ing Bratayuda, disepele karo mantune, dadi kusire Basukarna) sing mentang-mentang nantang, jebul kalah kelumah. Kapeksa, Madrim diulungake minangka bebana. Mulih Ngastina, banjur padha suka-parisuka, karepe mono ing jaman saiki outbond menyang alas. Rumangsa ngelih, Pandhu bajur manah kidang, naning dhasar cilaka! Kidang sepasang sing dipanah mau jebule pasangan pandhita lan bojone sing lagi kumpul, amarga saking kreatife lan njajal kasudibyan, banjur memba-memba dadi kidang sepasang. Cilaka tenan, ing sajroning sakit wal sekarat, pandhita mau isih kober nyepatani Pandhu, yen nganti kumpul karo bojone bakal nemahi pati sing nggegirisi. Cekak aos, crita sabanjure dadi dawa. Ing mengko nalika sidane nemahi pati, bojo kaloro, Madrim melu bela pati nututi mati. Sing rekasa mesthi wae Kunthi, wis duwe anak telu, isih ketambahan kembar loro, dadi lima Pandhawa. Ing uripe, Kunthi tansah disiya-siya dening ipe-ne, Gendari, bojone Drestarasta (yen ing versi India, wong loro mau malah rukun lan tulung-tinulung).

Anak-anake, Pandhawa nasibe rata-rata ya rekasa. Ana lakon main dhadhu, Pendhawa kalah kaukum buang 11 tahun, senajan kalah amarga diuriki. Lha lucune, ngerti diruiki kok ya manut wae. Semono uga para sepuh waskitha, ora ana sing bisa nyegah tindakane Sengkuni lan Kurawa sing nyata-nyata culika.

Ana maneh lakon Sumur Jalatundha, rebutan lenga tala, sing beja malah Sengkuni, kabeh awake kalumuran lenga, mula dikapakna ora pasah deninga sawernaning gegaman. Samengko, matine Sengkuni ing Bratayuda, amarga kacucuk kuku Pancanaka aneng jubur canthaka, merga ya mung bagiyan iku sing ora kalumuran lenga tala.

Lakon Begawan Ciptaning, Janaka dadi pandhita, nglakoni tapa amrih oleh pusaka. Digodha widodari wuda, ora pasah. Mengkonoa, sawise tapa ajeg kaya wingi uni. Bojone saben panggonan mesthi anane. Sembadra, nglairake Abimanyu. Manohara, nglairake kembar Pergiwa-Pergiwati, Larasati, Srikandhi, muride dhewe, Supraba, bethari ing Suralaya nglairake Wisanggeni. Seneng karo Dewi Anggraini, garwane Prabu Palgunadi, ning sing wadon ora seneng, senajan setya karo Palgunadi, banjur akal-akalan direwangi Durna. Palgunadi iku pengin banget dadi muride Durna, ning ditolak dening Durna, mula saking mantebe marang Durna, Palgunadi banjur gawe patung wujud Penemban Durna, lan gladhen manah ing ngarepe patung mau. Eloking crita, katiyasane Palgunadi ngembari Permadi (jeneng enome Janaka) lan Karna. Durna, mangerteni menawa patunge dianggep guru, mula mrentahake Palgunadi supaya drijine tinigas, ing samengko njalari dadi lan patine. mBesuk ing perang brubuh, Palgunadi nitis ing wadage Drestajumna, nigas janggane Penemban Durna. Dewi Angraini, ketoke yo melu bela pati (lali critane). Janaka uga seneng marang Banowati, bojone Duryudana, ketoke uga seneng karo Surtikanthi, bojone Karna Adipati Awangga. Ing mbesuke, bubar perang brubuh, Janaka klakon nggarwa Banowati. Iku lakone Janaka, ketoke lelananing jagad, jebule tenan, nyalurke anggone lanang nganti nabrak-nabrak kana-kene. Dene anake Abimanyu, ing Bratayuda tiwas kanthi tatu arang kranjang, amarga kena kasiku ing sumpahe dhewe. Wisanggeni, rila mati, amarga jarene Hyang Wenang, menawa Wisanggeni melu mudhun ngarcapada ngrewangi pandhawa, mangka ing akhire pandhawa malah bisa dadi kalah.

Lakone Yudhistira, jarene mono wong sing ora tau ngapusi, alusan lan sarwa ngalahan. Saking mulyane, kretane Yudhistira tansah ngambang sekilan, ora nate ngambah lemah. Nanging yen wis muntab, bisa triwikrama dadi brahala sak gunung anakan. Tokoh iki positip wae, ning ya kuwi, ngalahan, senajan ora mapan, pokoke ngalah. Ana critane nalika Puntadewa (jeneng tuwane Yudhistira) ngapusi, yaiku ing perang Bratayuda. Penemban Durna minangka senopati Kurawa, ora bisa kalah, sapa wae nemahi cilaka ngadhepi Durna. Mula Kresna akal-akalan, utusan Petruk supaya bengak-bengok "Aswatama mati, Hestitama mati". Aswatama iku anake Durna saka Bethari Wilutama, nalika iku Wilutama diukum dening Dewa, dadi wujud jaran. Banjur jaran mau ditumpaki Durna, cekak aos, wusana Wilutama ngandhut, lan nglairake Aswatama, badhar dari widodari, mulih makayangan. Krungu swara-swara mau, Durna banjur goreh penggalihe. Apa tenan anake tiwas? Takon sapa wae jawabe padha: Aswatama mati.

Durna ora percaya sadurunge krungu dhewe saka Puntadewa, wong sing ora tau tumindak ala senajan siji kewala. Puntadewa dhewe satemene ora gelem ngapusi, ning amarga eguh pertikele Kresna, kepeksane rada ngapusi, yaiku supaya anggone nyauri: Nggih, hestitama mati. Anggone mocap hestitama alon wae, ananing pocapan nggih lan matine digawe sora.

Ee lhadalah, krungu jawabe Puntadewa, sanalika Penemban Durna tiba klumah, lemes, mules, nggrantes, ing sabanjure tinigas janggane dening Drestajumna, sing sejatine kepanjingan sukmane Palgunadi, sing golek kesempatan merjaya Durna, supaya bisa nggandheng astane Sang Penemban, Guru Kinasih, munggah bebarengan ing swargaloka.

Rampung mocap mangkono, dumadakan kretane Puntadewa sing tansah kemambang tanpa ngambah lemah, banjur anjlog, ambles sajroning bantala. Ing samengko, Puntadewa sing kasil nyirnakake Prabu Salya lumantar Jamus Kalimasada.

Lakone Bima (jeneng cilike Werkudara) ora aneh-aneh, nemoni Dewa Ruci amarga dijlomprongake dening Durna, nggarwa dewi Arimbi, sing temene buta, ning amarga tresnane, lan ucape Dewi Kunthi, malih wujud dadi kenya sulistya. Duwe anak Tetuka, ya Gathutkaca. Karo Dewi Nagagini duwe anak Antareja, karo Dewi Urangayu nglairake Antasena (gumantung versi ngendi? Sala apa Yogja, salah sijine Antareja/Antasena dianggep padha). Tetuka bisa mabur, dene Antareja bisa nggerong liwat lemah, menawa Antasena bisa nyilem ing banyu. Komplit. Gathutkaca senajan tanpa tedhas tapak paluning pandhe sawenehing gegaman datan tumama, akhire tiwas amarga ketaman panah Kunta ing pusere. Duk ing wingine, Gathutkaca nate kesalahan nempiling abdine, yaiku Braja Lamatan, sing ora gelem meneng ngenani Abimanyu sing arep golek bojo maneh. Mula ing Bratayuda, sukmane Braja Lamatan kleyang kanginan, banjur mapag lepasing jemparing Kunta, nuli katamakake ing pusere Gathutkaca. Karepe mono Gathutkaca terus ambyur ing kretane Adipati Karna, kareben bisa sampyuh, beja dene Karna kober endha, engga kretane ajur dadi sawalang-walang.

Bima ora bisa basa alus, krama inggil, semono uga Antasena, lan Wisanggeni, uga ora bisa basa alusan.

Senajan Bima iku kuwat, cukat trengginas, sekti mandraguna, ananing ing jroning perang gada, tetap kalah karo Duryudana, sing gaweane ora liya mung mangan turu ngombe. Awit dadi muride Baladewa (kangmase Kresna) tumeka ing perang Bratayuda, Bima ora bisa ngalahna Duryudana, kamangka kabeh Kurawa wis gusis, gari Duryudana dewe. Kemakine, Pendhawa nantang supaya Duryudana sing umpetan aneng kedhung enggal milih sapa sing dadi mungsuhe, ing antarane Pendhawa. Ngerti bisa milih, mula Duryudana banjur milih perang gada karo Bima.

Gawat menawa Bima kalah, mula Kresna banjur utusan Petruk supaya alok-alok, "Puwa-puwa", sing artine pupu-kiwa, ya panggonan iku sing dadi apese Duryudana. Kamangka ing dalem perang gada, ora oleh nyerang ing ngisor puser lan dhuwur dhadha. Bima sing wis kethetheran, ora mikir dawa, kepriyea wae yen terus-terusan sportif nyatane malah tuna, sepisan iki, ora apa-apa rada julig. Pupu kiwane Duryudana ketaman gada Rujakpolo, sengkleh, banjur awake rinujak, kebeset, tiwas ing padhas kedhung.

Baladewa, ngaweruhi Bima tumindak culika, sigra ngunus gaman gawat keliwat, Nanggala. Maksude mono Bima bakal dirampungi pisan, tinimbang gawe wirang. Diarih-arih dening Kresna, mula Baladewa banjur lunga mertapa ing Grojogan Sewu.

Tokoh wayang sing aman wae, yaiku kembar Nakula-Sadewa, sing ora pati populer, dadi sifate mung ganep-ganep. Ing Bratayuda, kebagian ngglembuk Prabu Salya, amrih kelingan adhine Madrim, banjur gelem seleh gegaman, utawa ngalah karo Pendhawa. Kresna mangerteni menawa Salya ora tegel marang patine Nakula-Sadewa, mula si kembar mau kautus dening Kresna supaya soroh pati, lan njaluk wuruk, apa ta pengapesane aji Candrabirawa. Mula, Salya banjur paring resep pengapesane Candrabirawa, yaiku supaya ora nglawan, amarga buta candrabirawa, mati siji, dadi loro, mati loro, dadi papat, lsp. Temenan, nalika Puntadewa amung sedhakep suku tunggal, mula maewu-ewu buta amung meneng amarga bingung, apamaneh nalika mbrakot daginge Puntadewa, sing mancur dharah putih, pada karo getihe Begawan Bagaspati, sing nduweni aji candrabirawa, sing banjur tumurun marang mantune, Salya. Buta padha bingung banjur ilang siji mbaka siji. Gandewa pinenthang, layang Jamus Kalimasada ing pucuking jemparing, kalepasaken dening Puntadewa. Salya gugur. Perjurit Kurawa mawut mawur, ngurug jisime Prabu Salya. Sang garwa, Setyawati, wayah surup bajur ngupadi jasade Prabu Salya ing antarane mayit lan pothengan gembung, tangan, gegaman. Agemane sarwa putih minangka tandha sungkawa sumadya bela ing pati. Wira-wiri, wolak-walik sakehe jasad, jisim lan gegaman, nganti jarite kesrimpet tombak. Setyawati minangka wanita sing banget sulistya, sing saking bingunge, jarit kasingkap tekan ing pupu, nuduhake tandha lair arupa toh (Salyaparwa dening Mpu Sedah, sing nyenengi Prabarini, sadurunge dadi garwane Jayabaya, kamangka Prabarini uga nduweni toh ing pupune, sing ateges Mpu Sedah ngaweruhi babagan wadi, mula Mpu Sedah banjur kaukum pati, disusul dening Prabarini, lan bayine ing kandhutan. Crita jangkepe ing novel Prabarini).

Terus jenenge sapa sing arep dianggo, menawa kabeh duwe kasuse dhewe-dhewe, sing kapetung fatal, sifat major, ora mung minor kewala. Amerga gara-gara tumindak julig mau sing njalari wolak-waliking kahanan. Sing apes ya Petruk, sapa maneh, dadi tumbale Kresna. Eguh pertikele Kresna, sing kena wong liya.

Ing wayang akeh kontradiksi, akeh hikmah pancen bener, malah ing jaman semene, para Pandhawa sengaja digawe salah, supaya katon manusiawi. Kabeh tokoh putih nduweni luput dhewe-dhewe. Sing paling akeh sajake malah Kresna, kamangka wis kepanjingan Wisnu. Lupute, ing antarane ngowahi kitab dewa jitabsara ngenani lampahing perang Bratayuda, mergane ora tega menawa kakange, Baladewa maju perang. Gagal ndhidhik anak, Bomanarakasura/Suteja rebutan dadi senopati karo Gathutkaca, Samba, nganti ana critane Samba Juwing. Njalari patine putra Pendhawa, yaiku Antareja, amarga siunge Antareja sing gawat keliwat bisa njalari perang Bratayuda rampung sedina, sapa wae sing ketaman siung, senajanta dewa, bakal memet dadi awu, mula direka supaya Antareja musna, lan sing ketiban apes malah bapake dhewe, yaiku Werkudara, nampani siung, kapandeng dening Kresna, nggrigil astanipun Werkudara, siung dhawah, dumugi mustaka sang Antareja. Ilang musna dadi awu. Sabiyantu Setyaki ngalahake Burisrawa kanthi cara culika, Janaka kaprentah nglepas jemparing, nigas rikma, bablas kutung tangane Burisrawa. Setyaki siyaga, gada Wesi Kuning sing mungkasi kridhane Burisrawa. Kresna kasil mungkasi kridhane Tirtanata, ya Jayadrata, anake Begawan Sempani, kedadeyan saka bungkuse Bima nalika lair, mula Jayadrata kaya kembar karo Bima. Ing nalika semana, Jayadrata kepingin ketemu karo Bima, ning ketemu dhisik karo Kurawa, banjur kepincut marang Dursilawati, sateruse dadi balane Kurawa. Jayadrata tinigas jemparing amarga pokal gawene Kresna nutup sunar srengenge, engga kahanan kaya wis surup, kamangka Janaka sumbar menawa surup durung bisa ngrampungi Tirtanata, mula dheweke sing bakal pati obong. Jayadrata lena, mustaka ngungak saka jendela, banjur putung kapanah jemparing. Begawan Sempani ampuh kagila, mustaka wutuh, ngrapal mantra, Tirtanata ora sirna, urip ora mati. Kresna banjur utusan Petruk supaya alok-alok sacedhake Begawan Sempani, keganggu mantra kuwalik, Tirtanata rampung uripe.

Kresna uga sing njalari Karna tetep mbela Kurawa, kareben dadi perjurit sejati, netepi janji, amarga Karna wis dianggep sedulur dening Duryudana, lan malah diparingi praja Ngawangga. Mula menawa Karna mbalik Pendhawa, ateges nalisir saka bebener wajibing satriya. Kudu bisa ngalahake kulawarga lan pribadhi. Aneh tenan, wong salah tetep dikon mbela, kamangka bayarane pati. Dadi Kresna minangka botohe Pandhawa, kudu bisa menangake Pandhawa, senajan rada urik sithik. Amarga Kresna uga kepetung dewa, mula ora aeng menawa bisa malik kahanan.

Lha terus kepriye? Gandheng jeneng iku minangka donga, mula wong liya sing ora ana sambung pethuke karo anake wong, bisa uga sabiyantu donga. Contone ngene. Anake Pak Marto jenenge Suryoatmojo, gandheng wong-wong ngerti yen Suryoatmojo iku Karna, mula pandongane muga-muga bocah mau perwira dadi satriya utama kayadene Basukarna. Iku yen wonge mudheng wayang lan dhasare ngapa Karna mbelani Kurawa, ning yen ketemu wong sing nganggep Karna mono wong sing ora ngerti tata, duraka marang wong tuwa, bisa wae dongane mangkene: muga-muga ora duraka kaya Basukarna.

Hmm, dongane padha, siji postif, siji non-negatif. Padha wae? Mengko dhisik. Ing dalem buku The Secret, alam bawah sadhar ora nampa tembung negatif, ora, tidak, jangan. Dadi wong sing ndonga "duh gusti ampun paringi pacoban ingkang awrat", iku padha karo ndonga "paringana pacoban ingkang awrat", tumrape alam bawah sadhar. Kudune dongane sing postif, contone "duh gusti paringana lancar urusan kawula".

Gusti Allah pirsa karepe sing ndonga, dene prakteke sing nglakoni menungsane dhewe, kamangka akeh tumindake menungsa sing asale saka proses bawah sadhar mau. Dadi aja getun menawa seprana-seprene ndonga durung ijabah, lha awake dhewe sing ngalangi. Iku teorine, lha prakteke, sumangga dipun lampahi sesarengan. Lha apa ta gandheng cenenge donga, jeneng, karo wong liya? Donga iku, menawa mung wong siji sing ndonga, apik, kelakon ning racake rada alon, dene sing ndonga wong loro, telu, papat, sateruse, racake dadi saya mustajab. Mula, wong ndonga apike jamaah bubar ngibadah, amrih cepet olehe kabul. Kamangka, sing mbatin ala, bisa wae malah klakon, amarga luwih akeh cacahe. Ing The Secret , psikologi, apadene ESQ, alam bawah sadhar luwih gampang anggone oleh pengaruh, alon-alon, ning banjure nguwasani alam sadhar.

Ora beda menawa jeneng mau pancen dudu jeneng wayang, kayata Pandhu, sing maksude suluh. Ning amarga ngakeh padha luwih paham menawa Pandhu iku tokoh wayang, mula panggraitane, rerasane, batine, ora adoh saka kedadeyan ing lampahan wayang. Beja menawa ngakeh mung paham apike wae.

Prayogane, luwih becik nganggo jeneng sing samadya wae, kaya ukara umume, kayata Sri Waluya, Pradhana Mukti Wibawa, lsp., utawa nganggo tembung Ngarab, kayata Ahmad Solihin, lsp. Ananing ya kabeh mau, menawa rinasa umum, lugu, wagu, ketinggalan jaman, jadhul, lsp., mula mangga gumantung para kanca sedaya.Jenenge wae wayang, crita rekane menungsa, dadi ya akeh muskile akeh anehe, apamaneh bareng wis malbeng ing Tanah Jawi iki.

Para kanca sing ora sarujuk, sumangga kersa, utawa duwe panemu dhewe, ya sumangga. Wong jenenge wae crita rekan, dudu crita kitab suci, lha masalahe bisa dawa yen kita ngrembak babagan kitab suci. Mula ing kene aku ora nyrempet ngenani Bhagawad Gita, sing ing kalangan tinamtu kaanggep wejangan sing suci.

0 tanggapan: